- Motivasi - "Cara terbaik untuk menghargai kejadian yang hadir menerpa, hanya dengan menikmatinya tanpa memiliki penilaian negatif" .. Pujangga Giras - Cak Dion's Lapendoz - Pertapa Linglung

<< Hargai karya orang lain, "NO - PLAGIAT" >>

Jumat, 18 Agustus 2017

KAHANAN

Kelingan pepak kahanan cerito wayang jowo
Sesebut jumblegere resi sing kedunungan asmo resi durno
Wujude asline nduwe sifat preman sing puro puro dadi pendito

Patrapane kulino gawe ukoro tumbak cucukan sing di dadekno sabdo
Unggah ungguhe kakehan pamrih di bungkus dadi dharmo
Kawitane lampah lakune asline olo pungkasane yoo dadi joyo

Sing apik malah di idek idek lan di pulo soro
Sing nyoto nyoto rusak lan bejat malah di ujo-ujo
Yooo wis ora kaget pancen saiki arane ae zaman goro-goro

Sing tutuk e kulino ngucap goro malah di percoyo
Lakune sing ketok nyoto-nyoto becik malah di kipatno
Pangucap ukoro e bener mala ora di gatekno

Yooo iku salah sawijine pekoro
Sing dadekno perang tanding nang bumi kurukshetro
Adu kadigdayaan negakno kahanan ilmu kanuragan lan ilmu roso

Sopo ae sing kedunungan sifat olo
Lan sing duweni watak angkoro murko
Pinastine mesti musno lan sirno soko kahanan dunyo

Sing kedunungan watak utomo
Sing duweni sifat perkoso koyok satriyo
Pinastine menang lan musnahno sopo ae sing nandur prahoro

Bermandikan kata
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa


Tidak ada komentar:

Posting Komentar