- Motivasi - "Cara terbaik untuk menghargai kejadian yang hadir menerpa, hanya dengan menikmatinya tanpa memiliki penilaian negatif" .. Pujangga Giras - Cak Dion's Lapendoz - Pertapa Linglung

<< Hargai karya orang lain, "NO - PLAGIAT" >>

Jumat, 25 Januari 2008

PEWELING WONG ELEK

Ojok minder kowe kabeh sing rumongso elek
Senajan elek mu kui permanen koyok tekek
Kowe isok milah milah no endi sing apik lan elek
Kowe isok nyawang kahanan dunyo mbek moto melek
Ora mblenjani kahanan, asio nalar iro wis entek

Tetep sing gede ati asio kowe kedunungan elek
Kowe ora ngalih asio lakumu di anggep belek
Di anggep remeh lan mung iso e di etrek etrek
Tetep ae kowe ora merem, lan tetep melek
Kowe tetep mlaku, asio ngalor ngidul akeh sing nyulek

Mulakno iku, ojok rumongso cilik krentek
Sernajan wujudmu pancen elek koyok tekek
Namung sadarmu ojok sampek entek
Ben rezeki lan barokah lancar sampai tuek
Asio di kanggo, sek tetep onok lan ora entek

Ojok rumongso gegayuanmu iku wis jemek
Tetep ae nduwe kekerepan sing ketok intelek
Ngamal ngibadah koyok opo ora mung di kempit nang kelek
Iso o dirasakno lan pinastine isok di dekek
Senajan ambune gondo basin koyok telek

Sing penting kedunungan semangat ora entek
Ngelampahi kabeh amanah ora sampek cuklek
Senajan ngalor ngidul siro di ejek !!
Sing penting siro ora bales lan ngetrek ngetrek
Iku lho, sempurnane dadi wong elek

Bermandikan kata
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar