- Motivasi - "Cara terbaik untuk menghargai kejadian yang hadir menerpa, hanya dengan menikmatinya tanpa memiliki penilaian negatif" .. Pujangga Giras - Cak Dion's Lapendoz - Pertapa Linglung

<< Hargai karya orang lain, "NO - PLAGIAT" >>

Kamis, 24 Januari 2008

PEWELING WONG BAGUS

Ojok dumeh gondo arummu koyok lintang kemukus
Sak bendino, cumepak lan cekelane pulus
Ora betah naliko nyawang pupuh mulus
Wani ngetokno bondo asio ping satus
Ben ndang keturutan naliko kepingin ngelus

Ojok kemelintih senajan kowe nduwe rupo bagus
Sak bendino senengane mung gawe modus
Ngalor ngidul omongane mung gedabrus
Guuampang ole e ngucap roso sing tulus
Naliko di tagih kasunyatan, pungkasane yo kawus

Asio bagusmu, koen ujo koyo deneng jamus
Koen banggano koyo cohyo e lintang kemukus
Nyatane kelakuane ngalah ngalahi bulus
Gampang wedar piwulang roso sing tulus
Di tanting tanggung jawab malah mlayu ora jebus

Eling elingen yooo dhimas sing rumongso bagus
Rupo bagus mu kui bakalan pupus
Nek wis ngunuh kui kowe mung ketok ndrangus
Asio bedino kowe ngelakoni adus ping satus
Sek tetep ae gondo awakmu ambumu prengus

Prengusmu ngalah ngalahi ambune wedus
Ngunuh kok sing  ngaku kedunungan rupo bagus
Nyatane rupamu sing apikan wujud e kerdus
Isok o wangi lan isok kunyus kunyus ..
Nek kowe di buntel kain mori lan di wei kapur barus

Bermandikan  kata
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar