- Motivasi - "Cara terbaik untuk menghargai kejadian yang hadir menerpa, hanya dengan menikmatinya tanpa memiliki penilaian negatif" .. Pujangga Giras - Cak Dion's Lapendoz - Pertapa Linglung

<< Hargai karya orang lain, "NO - PLAGIAT" >>

Minggu, 08 Mei 2016

SIR SEJATI

Sir kamulyan ingsun !!
Uduk angrupo setan demit bekasan
Uduk pepunden sing di gawe panutan sambikolo
Namung di gawe nyawang sak kedipe netro

Sejatine sir kamulyan ingsun !!
Ora bakalan gawe goro-goro lan celoko
Ora kedunungan sifat angkoro murko
Namung nduwe gegayuan nyoto sak njeruning roso

Cohoyo sir kamulyan ingsun !!
Meneng lerem soko tumindak prahoro
Ora cawi-cawi ngurusi krentek karep sing cidro
Ora gubris kahanan sing ngeribetno sukmo

Sir sejatine roso kamulyan ingsun !!
Namung nyawang laku lampah sak kabeh e
Namung ngetutno opo sing di kersakno urip
Namung dadi saksi tumindak lan pangucap sing kewedar

Sir cohoyo utomo kamulyan ingsun !!
Namung ngayomi ngurip sing isok ngerteni sak njeruni urip
Namung ngetutno urip sing ngerteni kelilip e urip
Namung ndudokno urip sing ngerteni babakan amanah e urip

Sir cohoyo sejati kamulyan ingsun !!
Namung nuntun urip sing ngerteni gunane urip
Namung ngerangkut urip sing ngerteni roso welas asih ne urip
Namung nggendong urip sing getuh ole e golek tumpa'ane urip

JOMPO MONTRO KOPLAX

Bermandikan kata
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar