Wong urip iku kudu e nduwe aji
Isok netepno cagak nang pucuk e lathi
Ora usah ngetokno unek-unek krentek e ati
Mergo iku sawiji ne kahanan sing di murkai
Apik lan ora e uduk awak e dewe sing ngarani
Wong lio sing nduwe kuoso neteni lan nguji
Mergane wong ngurip iku mung isok ngabekti
Ora kuoso nyipto omongan sing ora onok bukti
Wong koyok ngunuh iku pasti isok di tinteni
Pikir lan karepe iku mung sarwo muni
Opo maneh keladuk wedar nang dukure siti
Sing pasti, sing kewudal iku mung gorohi
Pungkasane iku mesti getun mburi
Wong urip iku pinastine nggembol lali
Mlaku sak mlaku mesti onok sing nyerimpeti
Iku minongko kahanan gawe sinau lan memuji
Ojok keladuk omong sing garahi nyengkeli
Opo maneh omong sak omong ora onok bukti
Ngucap ukoro apik mung pingin diujo lan dipuji
Pungkasane mung ndadek no pupuse ati
Ngurip iku mung sedelok lan ora di ngerteni
Mulakno iku, ayo bareng-bareng ngabekti
Podo gelem ngilingno sing kedunungan lali
Mergane wong lali iku mesti nggembol pati
Wong ngurip iku mung golek sangune mati
Gelare pikir lan roso mung di gawe niteni
Ojok keladuk ngaku bener intuk karomahe gusti
Ngelakone laku anyaran, wis nganggep awak suci
Ayo sedhulur kabeh, lan kabeh konco konci
Monggo sareng-sareng podo ngabekti
Sareng-sareng ngelakoni titahe Gusti Illahi Robi
Ora usah mamang lan nduwe roso nggerogi
Dawuhe pangeran gusti iku ora bakalan gorohi
Ora mung di gawe nyenengno tuntunan sejati
Opo sing di dawuhno, sak mestine dihijabahi
Nek kasembadan, kenek gawe sangune mati
SYI'IR JIWO TEMBUS NANG ATI
Bermandikan kata
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa

Tidak ada komentar:
Posting Komentar