- Motivasi - "Cara terbaik untuk menghargai kejadian yang hadir menerpa, hanya dengan menikmatinya tanpa memiliki penilaian negatif" .. Pujangga Giras - Cak Dion's Lapendoz - Pertapa Linglung

<< Hargai karya orang lain, "NO - PLAGIAT" >>

Senin, 18 Februari 2019

KASEMBADAN LELAKU

Roh sifat kedunyan !!
Ora bakalan langgeng ole e manjing kebicikan
Opo maneh, wis kedunungan roso kabotan
Sampe sepreneh ora gelem ngingkise kelakuan

Opo wujud, wis bakalan cocok mbek ucapan
Gampang ole e wedarno opo sing dadi tatanan
Ngakune, nek awak e wis manjing keapikan
Krentek, karep lan doyo wis kasembadan

Kabeh iku tetep dadi rahasia ora sembarangan
Omong sak omong ora nateh gawe patrapan
Tumindak lan utek e ora nateh manut tatanan
Isok e mung gunem, nyalahno laku ne lian

Percuma, ole e ngaku wis ngibadah tenanan
Kasunyatane, mung isok nyacat tumindake lian
Nek ngeneh, ngendi jarene ngelakoni tobatan
Ngendi jarene wis sabar naliko intuk cobaan

Anguro ngaku, awak e iki bejat lang brangasan
Anguro nganggep, awak e iki koyok bajingan
Ora bakalan, awak e iki isok dadi umat pilihan
Opo maneh, dadi sing kedunungan tuntunan

Roh sifat sejati iku kasunyatan !!
Ora mung angger omong sembarangan
Ngaku sempurno ngibadah ngelakoni keapikan
Nyatane, kabeh iku mung di gawe pameran

Ngendi wujud nyotone, jarene wis dadi panutan
Nyotone ora nateh ngerti ole e di gawe amalan
Anguro nganggep, kabeh iku tugas uduk ujian
Ben watak e ora gampang kintir nang dunyo sing wujud e dolanan

NGELEBUR HOWO BOLONGAN IRO

Bermandikan kata
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar