- Motivasi - "Cara terbaik untuk menghargai kejadian yang hadir menerpa, hanya dengan menikmatinya tanpa memiliki penilaian negatif" .. Pujangga Giras - Cak Dion's Lapendoz - Pertapa Linglung

<< Hargai karya orang lain, "NO - PLAGIAT" >>

Senin, 15 Februari 2016

JAM TANGAN DAN TANGGA

Duuuuhh wong ayu, kue percoyo'o
Nek tresnaku iki ora bakalan sirno
Senajan seliramu kui rondo
Lan nduwe momongan telu
Aku tetep nerimo lan ora bakalan melayu

Roso tresnaku marang seliramu
Juuan tumplek blek sak jerune bhatinku
Roso tresnaku marang seliramu
Tak umpama'no koyok wujude arloji
Sing tansya tak cangking lan tak gawe iki

Seliramu ibarat pituduh wektu ne
Putro putrimu ibarat rante opo kalep e
Ben bendino isok tak gawe 
Lan tansya onok lan ngerewangi aku
Ben seliramu lan anak mu isok tak gawe pengilingku

Uduk koyok wujude ondo 
Sing onok nang ngarep motoku kae
Naliko aku gawe
Aku mung isok ngelus ngelus MBOK e
Namung ANAK e tak idek idek sak enak e dewe

Gegayuanku sing dhukur koyok pucuk e gunung iki
Pancen kudu aku ranjuk lan owahi
Uduk pekoro ONDO sing aku unggahi iki
Namung WEKTU sing pas lan pinastine kui
Minongko dungo gawe ngeranjuk gegayuan sing cemepak soko ilahi

Bermandikan kata 
Berselimutkan makna
Beralaskan rasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar